Ingkang Kula Kurmati Bapak Kepala Sekolah SMPN 2 Depok, Bapak ugi
ibu guru, staf TU, Lan konco-konco ugi adek-adek sedaya kemawon ingkang
kula tresnani.
Sapisan, monggo kita sedaya sesarengan
ngaturaken puji syukur dumateng Gusti ingkang Maha Agung, Ingkang
sampun maringaken nikmat kewarasan dumateng kita sedaya. Dados kita
sedaya saget sesarengan kempal dhateng adicara perpisahan siswa kelas 9
sapunika. Kula siswa kelas 9A ingkang tinanggenah guru kagem mewakili
konco-konco kelas 9 kagem ngaturaken matur sembah suwun kula sakonco
namung saget ngaturaken ucapan matur sembah nuwun kagem sedaya bapak
ibu guru ingkang sampun mbulawantah kula sakonco dangunipun tigang
warsa dateng pawiyatan menika. Kula sakonco inggih badhe nyuwun
pangestunipun supados kula sakonco saget nglebeti pawiyatan enggal
ingkang sae ingkang sampun dhados tujuan kula sakonco. Ugi supados kula
sakonco saget dados tiyang ingkang migunani kagem keluarga,
masyarakat, ugi bahasa lan negara. Sejatosipun kula sakonco kraos awrat
sanget kagem nilaraken pawiyatan menika. Kula inggih gadhah sekedik
pesen kagem adek-adek kelas 7 kaliyan 8 supados sinal ingkang sregep
sinau supados saget wujudaken cita-cita nipun ugi dados lare ingkang
lanthip.
Cekap
semanten saking kula, manawi anggen kula sakonco kagungan sisip
sembering. Ingakang klenthu, kula nyuwun agunge panga puten dumateng
sedaya kanawon. Kula aturaken matur sembah suwun
Tidak ada komentar:
Posting Komentar